Narendra Kumancar
hayam wuruk narendra kang pinunjul
putrane tri buana tungga dewi
kang dadi prasastine sejarah
saka tlatah wetan tumeka tlatah kulon
majapahit gemah ripah loh jinawi
sandang pangan ora kesungsang
dadi makmure rakyat majapahit
ngabekti marang narendrane
agul-agule kraton majapahit
patih gajah mada kasuwur teka manca negara
pinunjul olah kesentikkan lan kanuragane
njangkepi kumancare narendrane
majapahit wis dadi prasastine bumi pertiwi
kang ora ilang tumeka jaman akhir
sanak kadang trah rembesing madu
aja lali uri-uri marang leluhure
ing dina mburi
*kesentikkan = daya batin
Agustus 2010