Yudi Joyokusumo
Pitutur Luhur
donya kang kebak congkrah
kaya udreg ing laladan kurawa lan pedhawa
nanging para sedhulur aja linglung
nemoni kahanan sansaya lamur
elinga pitutur luhur kang bisa dadi paugeran
supaya ora keseser lelakune
lan warisna marang sanak kadhang
turun temurun
wong islam aja lali ngibadahe
wong ngilmu aja lali leluhure
wong eling bakal slamet
wong lali bakal cilaka
catur piweling iku ora kasilep jaman
yen manungsa isa jejeg lelakune
ora lali marang asale
ora lali sejatine urip manungsa
ing alam donya
Agustus 2010