Yudi Joyokusumo
Donga Ngreksa Raga
lakune manungsa kebak lakon
yen ora ati-ati bakal ketaton
rina wengi aja lali dedonga
marang Gusti penguasaning jagad
atine manungsa ana kang becik
nanging uga ana kang ala
mulane sanak kadhang elinga
matrap donga ngreksa raga
aja lali sanak kadhang pitutur luhur
ana langit isi ana langit
sedaya manungsa lamun ikhtiar
nanging Gusti Allah kang ngijabahi
mugi saking kersane Gusti kang maha agung
dayane bebendu setan lan sakpanunggalane
bakal sumingkir bali menyang asale
Lahaula wala quwata illa billah
laku kang bener angsal kanugrahan
saking kersane Gusti Allah
Agustus 2010