Yudi Joyokusumo
Salam Saka Langit
mendung kang ngebaki langit
srengenge ilang cahyane
swarane manuk kang ngrameni wayah
dadi crita kebak pitakon
sejatine ana apa?
mendung kang dadi pitakon
namun ngguyu kebak gemluduk swarane
tandhane ora ngerteni karepe manungsa
kang tambah suwe lali asale
ora ngelingi mbesuk bakale mati
langit kang paring salam
isa macem-macem warnane
supaya manungsa ngelingi khodrate
aja lali marang kang kuasa
ingkang nduweni uripe manungsa
gemluduk ing langit iku bisa dadi pertandha
yen langit ora sare sadina-dinane
wayah isuk lan wayah wengi
bakal ngerteni lakune manungsa
mulane aja lali asale !
September 2010