Ingat Leluhur

Ingat  Leluhur
gus yudi ( tengah ) bersama santri padepokan wahyu wijaya melakukan ritual batin dengan berziarah ke mbah tumenggung satim singomoyo yang berlokasi di troloyo,trowulan ,mojokerto dengan berziarah kita bisa memetik banyak hikmanya di antaranya kita akan selalu ingat bahwa hidup di dunia ini hanya "mampir ngombe" yang setiap saat akan kita tinggalkan untuk menghadap ke Yang Maha Kuasa,karena itu kita melihat hidup di dunia ini jangan segala-galanya semua tidak ada yang abadi,lebih baik kita berusaha semaksimal mungkin untuk meningkatkan amal ibadah yang bermanfaat dunia akherat

Ngilmu Rancak Majapahit

Ngilmu Rancak Majapahit
gerakan di atas adalah gerakan ketiga dari Ngilmu Rancak Majapahit dari lima gerakan yang ada dan ngilmu tersebut salah satu ngilmu warisan leluhur Majapahit yang sedang di lestarikan oleh Padepokan Wahyu Wijaya ,manfaatnya insya Alloh untuk tolak pagebluk

Minggu, 22 Agustus 2010

Narendra Kumancar

hayam wuruk narendra kang pinunjul
putrane tri buana tungga dewi
kang dadi prasastine sejarah
saka tlatah wetan tumeka tlatah kulon

majapahit gemah ripah loh jinawi
sandang pangan ora kesungsang
dadi makmure rakyat majapahit
ngabekti marang narendrane

agul-agule kraton majapahit
patih gajah mada kasuwur teka manca negara
pinunjul olah kesentikkan lan kanuragane
njangkepi kumancare narendrane

majapahit wis dadi prasastine bumi pertiwi
kang ora ilang tumeka jaman akhir
sanak kadang trah rembesing madu
aja lali uri-uri marang leluhure
ing dina mburi

*kesentikkan = daya batin

Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Priyayi Agung Teka Pesisir

pawongan kang kawentar
saking pesisir putrane kanjeng sunan ampel
jejeg ngilmu agamane
ngasta kasunanan drajat gung bimantara

tlatah drajat kang sepi dadi reja
kepanggenan priyayi agung kang welas asih
para dhulur enom lan tuwa
padha nyengkuyung piwulange kang amiluhur

priyayi agung kang aran kanjeng sunan drajat
dadi salah sawijine wali sanga
ingkang kawentar ngilmu agamane
nata laku mbabar kaweruh ing tlatah jawa

piwulange kanjeng sunan drajat
isih dadi paugerane wong laku
ingkang ngelingi mbesuk bakale mati
netepi laku agamane aja lali



Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Wulan Kang Mulya

sakwise wulan ruwah ana wulan kang mulya
para sedulur padha laku pasa
nata ati lan ngilangna nafsu kang ora becik

wulan kang aran wulan ramadhan
nduweni kanugrahan kang warna-warna
sapa wonge kang gelem ngibadah
saknjerone wulan kang mulya iku

salah sawijine tandhane katrimane laku pasa
wong iku bakal luwih sholeh lakune
netepi ngibadahe luwih jejeg
katimbang sadurunge laku pasa

para sedulur aja ninggalna wulan mulya iku
mumpung isih ana umur
ayo ngibadah menyang Gusti Allah




Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Ya Salaam

lakune manungsa kang gampang lali
ora eling yen mbesuk bakale mati
panguripane kadhang ora jejeg
isih ndheleng kiwa tengen
lali marang kuasane Gusti Allah

supaya ora kebacut laku nyasar
aja lali rina wengi wirid Ya Salaam
Gusti kang paring keslametan
urip donya lan akherat

donya kang kaya mampir ngombe
saklerap kang bakal sirna
lamun manungsa kang eling
bakal slamet panguripane

Ya Salaam
Ya Salaam
Ya Salaam
Gusti kang maha kuasa
Ingkang paring ngijabah

Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Ngabekti Kang Jejeg

angin kang sumilir saka bang wetan
gumantung ana ara-ara kang kebak tanduran
para kadang angon sapi ing pucuke ara-ara
wayah esuk tumeka wayah sore

si thole turu sak ngisore wit waru
ngiyup saka cahyane srengenge
laku si thole iku saben dina dilakoni
kangge ngabekti marang wong tuwane

wong tuwa yen ridha lakune
dadi ridhane Gusti Allah
ngabekti marang wong tuwa
kudu jejeg ngabektine ora owah gingsir

elinga mbales budi marang wong tuwa
ora bisa dietung ngangge donya brana
nanging gawe legane ati wong tuwa
iku luwih apik lan luwih becik


Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Pitutur Luhur

donya kang kebak congkrah
kaya udreg ing laladan kurawa lan pedhawa
nanging para sedhulur aja linglung
nemoni kahanan sansaya lamur

elinga pitutur luhur kang bisa dadi paugeran
supaya ora keseser lelakune
lan warisna marang sanak kadhang
turun temurun

wong islam aja lali ngibadahe
wong ngilmu aja lali leluhure
wong eling bakal slamet
wong lali bakal cilaka

catur piweling iku ora kasilep jaman
yen manungsa isa jejeg lelakune
ora lali marang asale
ora lali sejatine urip manungsa
ing alam donya


Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Donga Ngreksa Raga

lakune manungsa kebak lakon
yen ora ati-ati bakal ketaton
rina wengi aja lali dedonga
marang Gusti penguasaning jagad

atine manungsa ana kang becik
nanging uga ana kang ala
mulane sanak kadhang elinga
matrap donga ngreksa raga

aja lali sanak kadhang pitutur luhur
ana langit isi ana langit
sedaya manungsa lamun ikhtiar
nanging Gusti Allah kang ngijabahi

mugi saking kersane Gusti kang maha agung
dayane bebendu setan lan sakpanunggalane
bakal sumingkir bali menyang asale
Lahaula wala quwata illa billah

laku kang bener angsal kanugrahan
saking kersane Gusti Allah


Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Wayah Esuk

rembulan kang gingsir teka panggenane
yen wayah esuk kasilep ora kumancar
swarane manungsa kang wis tangi
ghumrebeg rebutan dalan menyang pakaryan
lelakon manungsa iku wis dadi pakulinan
yen wayah esuk ora bisa ilang
lumaku turun temurun kang dadi crita
cahyane rembulan lang srengenge dadi saksine
lelakon urip manungsa ing donya
ana kang lali asal muasale
lan ana kang netepi eling asale
sakbejane manungsa kang eling
taksih bejane kang eling marang Gusti Allah


Mei 2010

*termuat di taman geguritan Majalah Panjebar Semangat, 2010
Yudi Joyokusumo
Sangkar Emas

gemerlap di balik awan pasang surut
menyapa rerimbunan daun tak beranting
seberkas sinar menembus alang-alang
yang kian terhimpit pencakar langit
desiran angin menerpa dingin terasa
membalikan kabut mencari mangsa
dan aku terpana diam tak bergerak
hanya berteman secangkir kopi
yang semakin dingin dan hambar kurasa

kakiku melangkah tak tentu arah
semua terkunci segala arah
gemerlap yang mengitariku
bagai sangkar berlapis emas
menjerat rasa yang semakin tak berjiwa
aku hanya menjerit tersekat tak bersuara
mataku hanya terpejam dan membisu
sangkar emas telah mengikatku
dalam rasa yang tidak pasti


Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Ah Suaramu

dentang lonceng merubah alam
menghentak jiwa yang tidur nyenyak
tak hiraukan waktu yang terus berlalu
tak perduli alam telah berubah

ah suaramu
membuat akal kehilangan pikir
larut dalam dentang yang kian berdentang
tak ingat jiwa yang terkekang
dalam nafsu malang melintang

ah suaramu
seakan kau hidup tak butuh alam
dengan pongah berkacak pinggang
tak ingat kala jiwamu sakit
kau meronta larut dalam doa

ah suaramu
terasa indah mengikat jiwa
lalu lalang kata tak kau hiraukan
kau diam, hatimu membatu
yang terkungkung dalam nafsu


Agustus 2010
Yudi Joyokusumo
Lapar Itu Indah

kala matahari tersenyum di ufuk timur
burung sawah bernyanyi ucapkan selamat
gegap gempita hari yang berlalu
terlihat lesu dalam kebahagiaan

alunan pujian pada Illahi menggema
menghiasi di sudut-sudut kampung yang sunyi
seakan larut dalam ucap syukurnya hati
datingnya bulan suci yang rahmat

haus dan lapar senantiasa indah
terbawa rasa iman mengikat kalbu
tak lepas dalam sehari
tunaikan cinta pada Illahi


Agustus 2010