Yudi Joyokusumo
Wayah Esuk
rembulan kang gingsir teka panggenane
yen wayah esuk kasilep ora kumancar
swarane manungsa kang wis tangi
ghumrebeg rebutan dalan menyang pakaryan
lelakon manungsa iku wis dadi pakulinan
yen wayah esuk ora bisa ilang
lumaku turun temurun kang dadi crita
cahyane rembulan lang srengenge dadi saksine
lelakon urip manungsa ing donya
ana kang lali asal muasale
lan ana kang netepi eling asale
sakbejane manungsa kang eling
taksih bejane kang eling marang Gusti Allah
Mei 2010
*termuat di taman geguritan Majalah Panjebar Semangat, 2010