Yudi Joyokusumo
Ya Salaam
lakune manungsa kang gampang lali
ora eling yen mbesuk bakale mati
panguripane kadhang ora jejeg
isih ndheleng kiwa tengen
lali marang kuasane Gusti Allah
supaya ora kebacut laku nyasar
aja lali rina wengi wirid Ya Salaam
Gusti kang paring keslametan
urip donya lan akherat
donya kang kaya mampir ngombe
saklerap kang bakal sirna
lamun manungsa kang eling
bakal slamet panguripane
Ya Salaam
Ya Salaam
Ya Salaam
Gusti kang maha kuasa
Ingkang paring ngijabah
Agustus 2010