Yudi Joyokusumo
Priyayi Agung Teka Pesisir
pawongan kang kawentar
saking pesisir putrane kanjeng sunan ampel
jejeg ngilmu agamane
ngasta kasunanan drajat gung bimantara
tlatah drajat kang sepi dadi reja
kepanggenan priyayi agung kang welas asih
para dhulur enom lan tuwa
padha nyengkuyung piwulange kang amiluhur
priyayi agung kang aran kanjeng sunan drajat
dadi salah sawijine wali sanga
ingkang kawentar ngilmu agamane
nata laku mbabar kaweruh ing tlatah jawa
piwulange kanjeng sunan drajat
isih dadi paugerane wong laku
ingkang ngelingi mbesuk bakale mati
netepi laku agamane aja lali
Agustus 2010